- Back to Home »
- Article , Bhs Jawa »
- Pidato Maulid Nabi ( Bhs. Jawa )
Posted by : Muhammad Salman Al Kahfi
Sabtu, 13 September 2014
Assallamuallakum Wr Wb.
Ingkang kawula hormati Bapak Lurah, Bapak RT, Bapak RW serta bapak ibu ingkang kulo mulyaaken.
Ingkang kaping setunggal sumonggo kita sareng - sareng ngaturake puji syukur khadirat Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya, lan sumonggo kita sareng - sareng ngaturaken shalawat serta salam dhumateng junjungan kito, Nabi Agung Muhammad SAW. Kaping kalih kulo ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng para bapak ibu ingkang sampun kersa rawuh wonteng acaranipun maulid Nabi niki.
Para bapak ibu ingkang kawula hormati. Wonten wulan maulid puniko wulan ingkang sae amergi wulan puniko wonten kedadean ingkang agung. Nggih puniko wulan kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanjeng nabi lahir teng Mekkah, 12 Rabiul Awal tahun Gajah utawi 20 April 571 M. Kanjeng Nabi Muhammad SAW puniko satunggalipun umat ingkang minulyo mbeto umat saking zaman Jahiliyah dhateng zaman ingkan penuh rahmat kanti ajaranipun agami islam.
Pungkasaning atur, mugi - mugi kito sedoyo saget ningkataken taqwanipun dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun diajari dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Wusana cekap semanten mawon atur kula menawi wonten kelepatan lan kirang langkungin atur, kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb