Posted by : Muhammad Salman Al Kahfi Kamis, 18 September 2014

Assallamuallakum Wr Wb.
Ingkang kawula hormati Bapak Lurah, Bapak RT, Bapak RW serta bapak ibu ingkang kulo mulyaaken.

            Ingkang kaping setunggal sumonggo kita sareng - sareng ngaturake puji syukur khadirat Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya, lan sumonggo kita sareng - sareng ngaturaken shalawat serta salam dhumateng junjungan kito, Nabi Agung Muhammad SAW. Kaping kalih kulo ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng para bapak ibu ingkang sampun kersa rawuh wonteng acaranipun maulid Nabi niki.

Para bapak ibu ingkang kawula hormati. Maulid Nabi Muhammad SAW dipun pengeti saben tanggal 12 Rabiul Awal puniko ngelingaken dateng kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanjeng Nabi puniko satunggalipun Nabi ingkang minulyo lan pungkasaning para Nabi. Kanjeng Nabi diparingi amanah saking Gusti Allah SWT supados ngajaraken agami islam lan Al Qur’an ingkang dipun damel panutan gesang wonten alam dunyo.
Hikmahipun ingkang saget dipendet saking peringatan mauled nabi niki :
  1. Nambah katresnan kito sedaya dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
  2. Ndadosaken sedanten tingkah lakunipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW panutan wonten alam dunyo.
  3. Ngelestareaken ajaranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

     Kito dados umatipun Kanjeng Nabi kedah saget mendet suri tauladan sedanten tingkah lakunipun Kanjeng Nabi ingkang dipun damel panutan urip wonten alam dunyo, lan mugi mugi kito sedaya saget ningkataken takwanipun dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun diajari dhumateng Kanjeng Nabi

     Wusana cekap semanten mawon atur kula menawi wonten kelepatan lan kirang langkungin atur, kulo nyuwun pangampunten.

                                                                               Wassalamu'alaikum Wr Wb


Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

Translate

Popular Post

San - Kahfi's. Diberdayakan oleh Blogger.

Visitor

Flag Counter

- Copyright © ~ Kahfi's ~ -Metrominimalist- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -